Progresipnews

Progresipnews tepat tepat beriklan di progresipnews

12/01/2024

Monggo kacer e dibuly
Niki jalure : 081568451602
Lokasi Jatinom

😎
23/06/2023

😎

Mampir ngombe
25/07/2022

Mampir ngombe

Pameran produk Madu dan Budidaya Lebah Trigona/Klanceng
27/05/2022

Pameran produk Madu dan Budidaya Lebah Trigona/Klanceng

03/04/2022
Kaledoskop bln April-Mei 2019
06/06/2019

Kaledoskop bln April-Mei 2019

28/04/2016

TOKOH PEWAYANGAN

Srikandhi iku putriné Prabu Drupada (jeneng enomé Sucitra), raja saka negara Cempalaraja. Dewi Srikandhi iku dumadi saka geni kang dipuja dening Prabu Drupada. Drupada tumindak mangkono kanggo golèk cara males wirang marang Bambang Kumbayana (Pandita Durna). Prabu Drupada tau diwirang - wirangaké déning para muride Durna yaiku Kurawa. Prabu Drupada dilarak – larak kaya wong sudra. Durna tumindak mangkono kanggo males lara atiné nalika dipulasara Gandamana (patihe Drupada) jalaran nalika semana Durna anggone matur marang prabu Drupada amung njangkar (ora basa). Gandamana nesu lan Bambang Kumbayana dipala nganti rusak awaké. Amarga lara atine, Prabu Drupada muja geni. Saka tengahé geni katon bayi loro, lanang lan wadon. Banjur bayi mau pinaringan asma Srikandhi lan Arya Dresthajumena. Sakliyane iku Srikandhi uga duwe sedulur wadon asma Dewi Drupadi, kang ora liya garwane Puntadewa. Yen ing carita wayang, Srikandhi digambaraké minangka prajurit wanita sing peng – pengan. Nalika isih enom dheweke merguru manah marang Raden Arjuna. Banjur dheweke dipek bojo dening Raden Arjuna.
Dèwi Srikandhi tau dilamar dening Prabu Jungku Mardea saka negara Parangkubarja. Prabu Drupada, bapake Srikadhi seneng karo lamarane Jungku Mardea, nanging Srikandhi ora seneng. Banjur dhèwèké madul marang Arjuna. Arjuna mbela Srikandhi, banjur Srikandhi dhaup karo Arjuna.
Dewi Srikandhi mripaté jahitan, irunge mbangir, rainé rada ndhangak, nuduhaké dhèwèkée putri kang nduwèni swara dencing. Dewi Srikandhi nganggo sanggul, arané Sanggul Gedhé. Nduwèni jamang kanthi garudané mengguri. Sebagian rambuté diumbaraké polos. Kalunge awujud bulan sabit. Anggone kain dodot putrèn.
Prabu Drupada nganakaké sayembara kanggo ngrebutaké Dèwi Drupadi. Sapa sira sing bisa nglawan Patih Gandamana bakal dadi bojoné Dèwi Drupadi. Ing sawijining dina Werkudara maju tandhing klawan Patih Gandamala dikancani dening Arjuna. Sanadyan Werkudara kang maju tandhing, ananging Dèwi Drupadi mau digarwa dening Puntadewa. Katon semburat abang ning pipiné Srikandhi nalika satriya gantheng saka Astinapura iku katon ngematke polah tingkahé Srikandhi sinambi mèsem. Ésuké Puntadewa karo adhi – adhiné lan ibuné, Dèwi Kunthi mara manèh ing Negara Pancalaretna kanggo nglamar Dèwi Drupadi. Nalika iku Dèwi Srikandhi golèk cara kanggo cedhak karo Arjuna. Pungkasané Srikandhi meguru manah marang Arjuna. Malah sabanjuré Srikandhi digarwa déning Radèn Arjuna. Srikandhi Suwita ing Pandhawa.
Srikandhi iku prajurit wanodya kang cukat, trengginas, omongane ladak, kumresek, nanging ngantasi karya, jujur, setya marang garwa, tata kramane genep. Polahe Srikandhi ora beda kaya satriya perang. Kajaba iku Srikandhi pinter perang lan olah panah. Dadi ora kleru yen para Pandawa ngangkat Srikandhi dadi Senopati perang ndampingi Arjuna nalika perang Bharatayuda ing lapangan Kurusetra. Ing perang Bharatayudha, Dewi Srikandhi diutus dadi senapati perange Pandawa, nggenteni Resi Seta, satriya saka Wirata kang seda nalika perang tandhing lawan Resi Bisma, senapati saka Kurawa.Bhisma kaget nalika wewayangan Dewi Amba nyawiji ing ragane Srikandhi. Mesthi wae Srikandhi dudu tandhingane. Srikandhi mulat sigra nyekel panah Pasopati. Panah diloloske, banjur disaut dening Dewi Amba ditamakake ing jajane Bhisma.Getih muncrat, nyawa pegat. Kadadean iku padha karo kutukane Dewi Amba, putri Prabu Darmahambara, raja negara Giyantipura, kang mati dening Resi Bisma

TOKOH PEWAYANGANSrikandhi iku putriné Prabu Drupada (jeneng enomé Sucitra), raja saka negara Cempalaraja. Dewi Srikandhi...

20/12/2015

Address

Klaten
Klaten
57481

Alerts

Be the first to know and let us send you an email when Progresipnews posts news and promotions. Your email address will not be used for any other purpose, and you can unsubscribe at any time.

Share