27/08/2023
Urip iku nikmat. Ukara iku senajan sederhana, ananging kasunyatane ora gampang dilakoni.
Nyatane, akeh uwong sing sambat yen uripe ora tau kepenak. "Urip seka cilik tekan tuwa kok rekasa terus, nggolek dhuwit angel". Kanggo wong kaya ngono iku urip dudu nikmat, ananging musibah.
Urip, ana kahanan opo wae iso kroso nikmat iku yen dilandesi iman marang Pengeran. Apa wae sing dilakoni iku mung nglakoni dhawuh Pengeran.
Ndino-ndino anane mung seneng. Saben ndino mung diniati nggolek suwargo. Entuk yo seneng, e ndilalah durung entuk yo seneng. Urip nggolek suwargo, mati nggo mbukak lawange suwargo.
Entuk bojo lembah manah, yo seneng. E, ndilalah entuk bojo galak yo seneng. Nduwe anak mbangun miturut yo seneng, nduwe anak nakal yo seneng. Bab kabeh kahanan iku ana hikmahe. Umpamane anak nakal, iso ndadekake cerak marang Pengeran. Okeh anggone ndedonga lan pasrah marang Allah. Iku kabeh apik mungguhe pribadine, sebab ndadekake suwargo tembe mburine.
Ananging nglakoni kaya mengkono ora gampang. Apa maneh saben uwong diwenehi hawa nafsu utawa syahwat. Hawa kanggo tumindak apik, tumindak ala lan uga tumindak sing ana antarane. Sing kabeh tumindak iku ana konsekuensine ing akhirat.
Ndidik hawa nafsu iku isa diibaratke kaya ndidik macan sing buas. Panganane daging-dagingan. Amrih iso dikendaleni, perlu poso ora dipakani daging. Banjur diganti liyane, umpamane tahu-tempe. Mindahake utawa ngganti daging dadi tahu-tempe iku perlu perjuangan sing ora gampang. Perlu proses sing dhawa kanthi istiqomah.
Menawa kabeh kesenengane syahwat wis isa padha karo kesenengane Pengeran, iku ndadekake kabeh tumindak ora ana resikone. Luwih seka iku, kabeh tumindak bakal kaparingan ridhone Pengeran. Urip sing kaya mengkono iku urip sing nikmat. Pribadi sing isa kaya mengkono iku pribadi sing istimewa. Sing bakale enak, penak lan kepenak.
Setiya Jogja