25/08/2026
Puluhan pengendara motor mlebu nang jalur khusus Transjakarta rute 2A Pulo Gadung - Rawa Buaya. Aksi iki diduga dilakoni kanggo ngindari macet nang jalur umum.
Nanging bukane luwih cepet tekan, pemotor malah kudu mandek lan ngenteni nang mburi bus Transjakarta sing melintas nang jalure. Padahal arus kendaraan nang jalur umum sebelahe luwih lancar.
Nang video sing beredar, salah siji pengendara yo kenek penindakan tilang elektronik (E-TLE) sakwise mlebu jalur Transjakarta. Pelanggaran iki disebut marakno pemblokiran STNK kendaraane.
Video: threads via fr3nk online